MBEDHAH
SERAT
KALATIDHA
Dening
: Angga XIKJ
SMKN 2 WONOSARI
INAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN
OLAHRAGA
DAERAH ISTIMEWA
YOGYAKARTA
ATUR PURWAKA
Assalamualaikum
wr.wb
Puji lan syukur mugyo tansah kunjuk
dhumateng gusti allah ingkang sampung paring rahmat lan hidayah saengga saged
dadosipun makalah “MBEDHAH SERAT KALATIDHA”. Mboten kesupen kula ngaturaken
caos matur nuwun dhumateng Ibu Siti ingkang sampun mbimbing kula wonten ing
pelajaran basa jawi.
Wonten ing makalah mriki kula badhe mbahas tentang serat kalathida.
Mugi-mugi makalah niki wonten manfaatipun dhumateng pamirsa.
Kula
namung murid SMK wonten menika anggenipun kula nyusun makalah niki kathah
kekurangan ,kula nyuwun pangapunten .
Wassalamualaikum
wr.wb
PRATELAN
ISI
Sampul……………………………………………………………………………....1
Atur
Purwaka………………………………………………………………………..2
Pratelan
Isi…………………………………………………………………………..3
Pambuka :
Dhasaring Pirembagan………………………………………………………4
Andharan Prakawis………………………………………………………….5
Ancasipun Nyerat Makalah………………………………………………….6
Isi :
Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Transliterasi………………….7
Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Transkripsi Teks……………..7
Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Etimologi Tembung………….9
Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Parafrase…………………… 16
Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Terjemahan……………….....18
Mbedhah Isi Teks…………………………………………………………...20
Panutup :
Dudutan……………………………………………………………………..21
Pamrayogi…………………………………………………………………..21
- PAMBUKA
A.
Dhasaring Pirembagan
Tanah jawi kalebet salah
satunggalipun tlatah ingkang sampun kawentar nggadhahi meneka warna asil basa,
satra, lan budaya. Bab sastra minangka wujud asil akal lan pikiran manungsa
ingkang endah, menapa warnawujud tulisan utawi lisan ugi kathah wujudipun.
Salah satunggaltuladha asil kasusastran Jawi ingkang wujudipun sastra tulis
inggih menika naskah utawi manuskrip, ingkang tegesipun asil tulisan
tiyang-tiyang jaman rumiyin ingkang racakipun ngemot bab piwulang, sejarah,
agami, lsp.
Wonten pirembagan, ing samangke
badhe kaandharaken analisis ngengingi bab naskah utawi manuskrip ingkang sampun
dipun sebut wonten nginggil. Dene perangan ingkang badhe dipun analisis inggih
menika teks awujud perangan 10 pada saking menika pethikan serat Kalatidha
igkang cacahipun wonten 13 pada. 13 pada menika dipun serat wonten dhapukan
sekar macapat metrum sinom, ingkang dipun anggit dening R. Ng. Ranggawarsita.
B.
Andharan Prekawis
Kangge ngampilaken anggenipun
nganalisis teks awujud perangan 10 pada saking petikan serat Kalatidha menika,
katemtokaken seperangan prekawis ingkang badhe dipun rembag, inggih menika:
- Transliterasi ortografi
- Transkripsi ortografi
- Etimologi
- Parafrase
- Terjemahan
- Mbedah Naskah
C.
Ancasipun Nyerat Makalah
Ancasipun dipun serat makalah
analisis serat Kalatidha menika, kajawi kangge nyekapi kabetahan tugas ibu Siti,
ugi kangge mangertosi wosipun serat Kalatidha.
Makalah menika dipun serat supados
samangke seged dipun dadosaken salah satunggaling referensi utawi sumber kangge
sok-sintena kemawon igkang kepingen mangertosi bab serat Kalatidha. Ingkang
salajengipun saged dipun dadosaken usaha pambuka kangge nanemaken lan nuwuhaken
raos remen tiang sanes supados saged kepengin nganalisis serat Kalatidha.
- WOSING PIREMBAG
Kados ingkang sampun dipunandharaken
wonten perangan ing ngajeng, menawi analisis serat Kalatidha menika dipunbagi
dados perangan-perangan utama ingkang ngewrat pirembagan kasebat.
A.
Andharan Analisis Serat Kalatidha Babagan Transliterasi
Transliterasi inggih menika nggantos
sarta ngewahi seratan teks saking abjad satunggal dhateng abjad sanesipun.
Tuladhanipun, mewahi huruf mawi aksara Latin. Metode transkripsi ugi dipunbagi
dados metodetrnskripsi diplomatik kaliyan metodetranskripsi ortografi. Metode
trnsliterasi diplomatic inggih menika mewahi aksara teks utawi naskah tanpa
nggantosejaan utawi kalepatan sanes. Dene metode transliterasiortografi iggih
menikamewahi aksara teks utawi naskah, ejaan ingkang dipunginakaken kedah
jumbuh kaliyan ejaan teks asil trnsliterasi, ugi dipunkeparengaken nglaeresaken
tembung utawi ukara ingkang dipunanggep lepat.
Wonten andharan transliterasi teks
manggala menika, kanca-kanca penulis ngginakaken transliterasi ortografi.
Katamtokaken metode transliterasi menika amargi pirembagan ingkang kaandharaken
imggih mbedhah isinipun, pramila menawi ngginakaken metode ortografi ingkang
ngetingalaken asil transliterasi ingkang ngginakaken pedoman EYD aksara latin,
kadosipun langkung gampil dipun mangertosi tegesipun.
B.
Andharan Analisis Serat Kalatidha Babagan Transkripsi Teks
Transkripsi inggih menika nyerat
seratan taks ingkang badhe dipun analisis. Racakipun, metode transkripsi dipun
bagi dados metode traskripsi diplomatic kaliyan metode transkripsi ortogrfi.
Metode transripsi diplomatic inggih menika jinis transkripsi ingkang
dipunginakaken kanthi boten mewahi sedaya ingkang gegayutan kaliyan teks,
kalebet ejaan, kedah menapa wontenipun. Dene metode trnskripsi ortografi inggih
menika jinis transkripsi ingkang saged mewahi ejaan lan dipunjumbuhaken kaliyan
ejaan teks asil transkripsi.
Wonten analisis menika kanca-kanca
penulis ngginakaken metode transkripsi ortografi, inggih menika kanthi
mujudaken teks seratan ingkang dipunanalisis.
Transkripsi Ortografi Teks Serat
Kalatidha:
Bebuka-wahyaning arda rubeda/ Ki
Pujangga amengeti/ mesu cipta mati-raga/ mudhar warananing gaib/ sasmitaning
sakalir/ ruweding sarwa pakewuh/ wiwaling kang arana/ dadi badaling hyang
widdhi/ amedharken paribawaning bawana//
Mangkya darajating praja/ kawuryan
wus sunya ruri/ rurah pangrehing ukara/ karana tanpa palupi/ ponang parameng
kawi/ kawileting tyas malatkung/ kongas kasudiranira/ tidhem tandaning dumadi/
ardayeng rat dening karoban rubeda// retune ratu utama/ patihe patih linuwih/
pra nayaka tyas raharja/ panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing
kalabendu/ malah makin andadra/ rubeda kang ngreribeti/ beda-beda ardane wong
sanagara// katatangi tangisira/ sira sang paramengkawi/ kawileting tyas duhkita/
kataman ing reh wirangi/ dening upaya sandi/ samaruna anarawung/ pangimur
manuhara/met pamrih melik pakolih/ temah suha ing karsa tanpa weweka//
dhasarkaroban pawarta/ bebaratan ujar lamis/ pinudya dadya pangarsa/ wekasan
malah kawuri/ yen pinikir sayekti/ pedah apa aneng ngayun/ andhedher kaluputan/
sisniraman banyulali/ lamun tuwuh dadi kakembanging beka// ujaring
panitisastra/ awawarah asung peling/ ing jaman keneng musibat/ wong ambek
jatmika kontit/ mengkono yen niteni/ pedah apa amituhu/ pawarta lalaworan/
mundhak angreranta ati/ angurbaya ngiketa cariteng kuna// keni kinarya darsana/
panglimbang ala lan becik/ sayekti akeh kewala/ lelakon kang dadi tamsil/
masalahing ngaurip/ wahanira tinemu/ temahan anarima/ mupus pepasthening
takdir/ puluih-puluh anglakoni kaelokan// amenangi jaman edan/ ewuh-aya ing
pambudi/ melu edan nora tahan/ yen tan melu anglakoni/ boya kaduman melik/
kaliren wekasanipun/ dilalah karsa Allah/begja-begjaning kang lali/ luwih begja
kang eling lawan waspada// samaono iku bebasan/ padu-padune kepengin/ enggih
mekoten man Dhoplang/ bener ingkang angarani/ nanging sajroning batin/ sajatine
nyamut-nyamut/wis tuwa are papa/ muhung mahas ing asepi/ supayantuk
parimarwaning Hyang Suksma// beda lan kang wus santosa/ kinarilan ing Hyang Widdhi/
satiba malanganeya/ tan susah ngupaya kasil/ saking mangunah prapti/ pangeran
paring pitulung/ marga samaning titah/ rupa sabarag pakolih/ parandenemaksih
taberi ihtiyar//
C.
Andharan Analisis Serat Kalatidha Babagan Etimologi Tembung.
Pirembagan etimologi tembung menika
wosipun inggih ngrembag tembung-tembung ingkang awis-awis dipunginakaken ing
padintenan, pramila tegesing tembung ing nggil sawau dereng dipun mangertosi.
Kanthi mekaten tembumbung-tembung sawau badhe dipun padosi asal saha wujudipun.
Etimologi tembung ing perangan serat
kalatida :
Wahyaning
|
wahya + ing
Wahya (S) kw : wetu, wedar, kelair
(BDJ,1933:653 A)
|
Arda
|
(S) kw =
1. Pangangsa-angsa, ngangsa,
murka, hawa nepsu
2. banget, keluwih-luwih
(BDJ,1933:18B)
|
Rubeda
|
Amengeti
: penget, kn : peling sing eling marang (BDJ,1933:481 A)
|
Mesu
|
pesu, diudi (dietog) kalawan
temen-temen (tmr. Badan, budi,lsp)
(BDJ,1933:488A)
|
Mudhar
|
udhar,kn : ucul tmr. Tali, lsp,
dijlentrehke, dijereng (BDJ,1933:435 B)
|
Warananing
|
warana,kw, kelir, slintru,
aling-aling (BDJ;1933:656 B)
|
Sasmita
|
kw, polataning
praen,nglamat,pratandha (BDJ,1933:547B)
|
Sakalir
|
kw; kabeh sakabehe, sakehe
(BDJ,1933:539B)
|
Ruweding
|
kn : 1.
Bundet tmr.bolah (BDJ,1933:634B)
2.kisruh
3. egg. Bingung, kuwur, tmr ati
|
Sarwa
|
(sarwiengg. K) kn :
1. Kabeh, sakabehe, sakehe
2. wutuh tanpa gotong, babar pisan
(BDJ,1933:634B)
|
Pakewuh
|
K :
1. Reribed, alangan
2. apa-apa sing njalari rekasa
(kangelan)
3. nandang kangelan (rekasa) (BDJ,
1933:458B)
|
Wiwaling
|
: wiwal + ing
Wiwal kkn : uwal, pisan oncat (BDJ
, 1933:666B)
|
Warana
|
kw : kelir slintru, aling-aling
ktj.wrana (BDJ, 1933:656B)
|
Badaling
|
(A) kn :
1. Sesulih (kang
dikon munggah kaji)
2. engg. Wewakil (ing pakaran
babagan agama) (BDJ, 1933:24B)
|
Amedharken
|
wedar kn : wetu, wudar (BDJ, 1933:
659B)
|
Paribawaning
|
. Kw : panjamah, pangapesan (BDJ,
133:473B)
|
Bawana
|
(S) kw :
1.amal, panganan
2. jagat (BDJ, 1933:34B)
|
Praja
|
kw, 1. Kraton, 2. Krajan, 3.
Negara, 4. Ak : kedhaton (BDJ, 1933:509A)
|
Kawuryan
|
kw :1. Ak : keri, 2. Katon
(BDJ,1933:195A)
|
Sunya
|
kw, suwung, sepi (BDJ,1933:575A)
|
Rurah
|
kw, rusak, bubrah (BDJ,1933:534A)
|
Pangrehing
|
pangreh, kn : 1. Cara, lsp.
Enggone ngerehake ; 2. Kang reh, kang mangarepi
pakumpulan, lsp. (BDJ,1933:471A)
|
Karana
|
kn, ak : sebab, jalaran, ktj.
Krana (BDJ,1933:189A)
|
Palupi
|
kw, 1. Pola,tuladha, 2. Laying,
tulisan (BDJ,1933:460A)
|
Ponang
|
kw, kang ; ktj. Ponang
(BDJ,1933:506B)
Parameng kawi : kw, ktj : parama
kawi (BDJ,1933:472A)
Parama kawi, S, kw. 1. Pujangga
linuwih, 2. Putus ing kawruh basa
(kekarangan)
|
Kawileting
|
kawilet + ing ; kawilet, kw :
katut, kapicut dening tembung manis, lsp : ktj.
Wilet (BDJ,1933:194B)
|
Kongas
|
kw ,1. Sumerbak ambune; 2. Misuwur
banget (BDJ,1933: 245A)
|
Kasudiranira
|
kasudiran + ira ; kasudiran : kw,
kekendelan, kawanen, ktj. Sudira
(BDJ,1933:191A)
|
Tidhem
|
kw : surem, sirep (BDJ,1933:605A)
|
Ardayeng
|
ardaya + ing ; ardaya, S, kw :
ati, dununging pangrasa (BDJ,1933:18B)
|
Karoban
|
kw, kebanjiran, keleban ; ktj. Rob
(BDJ,1933:190A)
|
Ratu
|
raja, pangarep tmr. Dolanan
(BDJ,1933:522B)
|
Utama
|
s. 1. Kw, becik, linuwih
|
Patih
|
kn.
1. Priyagung kang nindakake paprentahaning Nagara (embaning ratu)
2. ar. Pangkat sangisore bupati
(BDJ,1933:476B)
|
Linuwih
|
luwih + in-
Luwih : langkung
Torah (punjul) saka ing mesthine
Ngungkuli yen tinimbang
Karo, lan
Banget, keladuk
|
Nayaka
|
s,
1. Kw. Panuduh, ppanuntun,
pangarep
2. kn. Juru rembug (pangkat
sanduwuring bupati)
3. kn ak. Minister (BDJ,1933:335B)
|
Raharja
|
kw. Rahayu, reja (BDJ,1933:516B)
|
Panekare
|
panekar kn. Ak : gebayan, pulisi
ngiras kepala kampong (BDJ,1933:464B)
|
Becik
|
: n. sae k :
1. Ora ana cacate
2. utama (tmr. Bebuden, kalakuan)
3. ora ana owahe , slamet
4. ora pasulayan (tmr. Bebojoan,
memitran)
5. Endah (bagus, ayu)
6. Asri, njerengake (tmr.
Pasawangan)
7. Kukuh 9tmr. Gegawean)
(BDJ,1933:43B)
|
Andadra
|
Dadra n. kn: saya banget
(BDJ, 1933:63 B)
|
Ngreribedi
|
Ribed kn: 1. Apa-apa sing
njalari ora sempuluring laku (pagawean, lsp)
2. kena ing ribed
3. susah marga kena ketaman sing
angel.
|
Ardane
|
(S) kw. 1. Pangangsa-angsa, angsa,
murka, hawa nepsu.
2. banget, keluwih-luwih
|
Katatangi
|
Tangi, kn: wungu, ki. Gumelar,
njebak (BDJ, 1933: 591 B)
|
Duhkita
|
S, kw: susah, sedih (BDJ, 1933: 71
B)
|
Wirangi
|
Wiring+- I ; wiring: kn, isin kang
kaweruh ing akeh (BDJ, 1933:664 B)
|
Sandi
|
Engg: kn, rada; 2 kw: wadi
,disaman, disamun (BDJ 1933:543 B)
|
Samanura
|
Saru+-um-+-na; saru: kn, ora
pantes (tmr. gunem, tindak-tinduk (BDJ: 547 A)
|
Pangimur
|
Pan-+ imur; dilepur, dirimuk,
direrapu (BDJ, 1933: 170B)
|
Manuhara
|
Kw: ktj. Manohara: S, Kw: endang,
nengsemake, 2 . Memalad sih, ngarih (BDJ, 1933: 291 A)
|
Met
|
Kw, golek, njupuk, ngepek (BDJ,
1933: 303 A)
|
Weweka
|
Kn: ngati-ati, prayitna; ktj. Weka
(BDJ, 1933: 659 B)
|
Benaratan
|
Barat, engg. Kn, angin gedhe (BDJ,
1933:31 B)
|
Pinudya
|
Pudya+in;
|
Sayekti,
|
Kw; sanyata, temenan; ktj. Yekti
(BDJ, 1933: 31 B)
|
Pedah
|
Kn. ak: paedah (BDJ, 1933:479 B)
Paedah: kn; piguna (BDJ, 1933: 456
B)
|
Beka
|
Engg. Kn: 1. Ak. Kangelan, reribed
(BDJ, 1933: 34 B)
|
Ujaring
|
Ujar+ing; ujar: kn: 1. Gunem,
wetuning tembung
Niyat kang kawetu (kauk, nadir)
(BDJ,1933:435)
|
Panitisastra
|
Paniti-sastra
Paniti, 1. (priksa)enggone
niti-priksa (BDJ, 1933:465 A)
Panitisastra: enggone niti-priksa
sastra
|
Awarah
|
(oet. Wewarah) kn: pitutur,
pituduh bab pratikele nindakake (BDJ, 1933:244 B)
|
Asung
|
Kw, aweh (BDJ,1933: B)
|
Kontit
|
Kn, kalah, ora tandhing (timbang
karo jodhone), kari banget (BDJ, 1933:244 B)
|
Kinarya
|
Karya+-in-;
Karya, 1. Kw: pagawean
2 gawe, nindakake,
3 engg.ak: pagawean tukang
(BDJ,1933:)
|
Darsana
|
S, kw, conto, tuladha (BDJ,1933:
65 B)
|
Tamsi
|
I, A, kn: tuladha becik
(BDJ,1933:589 A)
|
Wahananera
|
Wahana+near
Wahana, S, kw: tutunggangan,
katrangan, tegesing impen ngalamat, lsp (BDJ,1933:345 B)
Nera, kw: -e,-ne (BDJ,1933:345 B)
Wahananera:tunggangane
|
Tinemu
|
Temu+-in-; temu, I,n. panggih, kn,
1. Panganten lanang wadon digantungake, 2. Kepethuk, gathuk karo (BDJ,1933:
601 A)
|
Temahan
|
Temah+-an, 1. Kadadeane,
pungkasane, 2. Ingg wasana dadi, 3. Merga saka, jalaran saka (BDJ,1933: 339
B)
|
Anarima
|
Narima,n, narimah, k.ak. nrima
(BDJ,1933:339 A) nrima, n, nrima, K: 1. Nampa kalawan panuwun, 2 . wis marem,
ktj. Trima (BDJ,1933: 351 B)
|
Mupus
|
Kn: ngurut jala ; pupus , 2.
Kn: wis nrima marang kaanane lelakone , ktj. Pupus (BDJ,1933:327 A)
|
Takdir
|
A, kn: papesthen (saka karsaning
Allah) (BDJ,1933:586 A)
|
Puluh-puluh:
|
Puluh-puluh, kn: kepriye meneh,
wis kapeksa nrima lah wong…….(BDJ,1933:501 B A)
|
Ewuh-aya
|
Kn, ak: pakewuh banget
(BDJ,1933:660 A)
|
Baya
|
Engg. Kn: ora (BDJ,1933:56 A)
|
Man
|
Ptj: wtj. Paman (BDJ,1933:289 A)
|
Nyamut-nyamut
|
Ptj: 1 (isih) adoh utawa dhuwur
banget, akeh banget antarane (bedane)
During paja-paja;
Isih during nyakuptemenan (tmr
.kawruh lsp) (BDJ,1933:353 B)
|
Mulung
|
I kw: munung; ktj piwung. II
kw: mung (BDJ,1933: 323 B)
|
Mahas
|
Kw: dolan-dolan; mahas ing asepi
kw: dedunung ing papan kang sepi (ninggal kadonyan)(BDJ,1933:286 A)
|
Mangunah
|
Kn. ak: duwe kaluwihan bisa ngayuh
marga saka imane (BDJ,1933:294)
|
Prapti
|
Br: prapta
|
Maksih
|
Engg. K: isih (BDJ,1933:287 B)
|
Taberi
|
Kn: sregep sarta tlaten
(BDJ,1933:584 A)
|
Ihtiyar
|
Kn: Golak srana (tetamba lsp);
ktj. Setyar (BDJ,1933:168 A)
|
Reh
|
Kn: 1: br. Pratingkah
Bab panyeking praja , lsp
Prakara, tatanan, pranatan
Wewengkon kang kabawahing
Munggahing bab oet. Prakara
(BDJ,1933: 522 B)
|
Tuwuh
|
Kn 1. Thukul, mundhak-mundhak
gedhe tmrp tetuwuhan, lsp.
2 timbul, mencungul tmrp, gagasan,
nalar, lsp
3 turun (BDJ,1933:617 B)
|
Tindhem
|
Tindem kw: surem, sirep,
(BDJ,1933:605 B)
|
D.
Andharan Analisis Serat Kalatidha Babagan Parafrase
Miturut ngelmu basa, parafrase
inggih menika ngewahi dhapukan teks wujud sekar dados dhapukan teks wujud
gancaran (prosa). Ancasipun inggih menika kangge nggampilaken sarta nyetakaken
isi ingkang wonten ingg dhapukan teks menika. Rancakipun teks ingkang dhapukan
gancaran menika langkung gampil dipunmangertosi tinimbang ingkang dhapukan
sekar, awit ukara-ukara saha tetembungan ingkang wonten ing dhapukan gancaran
sampun nyata lan cetha, boten wonten teges ingkang entar (kias), kados wonten
ing dhapukan sekar .
Asil parafrase teks serat kalathidha
menika ngginakaken basa Ngoko lugu. Awit kanca-kanca penulis teks serat
kalathida menika nginakaken basa Ngoko Lugu. Awit kanca-kanca penulis
ngadahi pemanggih menawi basa ragam ngoko menika langkung gampil dipun
mangertosi dening para pamaos tinimbang basa ragam karma.
Parafrase teks Serat Kalathida
Bebuka : Ki Pujangga ngelingake yen
wetune hawa nepsu lan alangan bisa katambani kanthi ngudi piker lan aja nurut
pepenginane awak, supaya ucul aling-alinging gaib, iku mau pratandha yen kabeh
bundhet lan alangan wis oncat saka eling-elingane, dadi sesulihe Hyang
Widdi ngetokake pangapesane jagad.
Kahanan Negara saiki wis saya
bubrah, tatanan bab unggah-ungguh basa wus ora dinut, merga tanpa tuladha bab
kawruh basa, bakal kathut dening kaendhahan kang sayekti kleru, pungkasane
ndadekake alangan.
Satenane rajane wus apik/becik,
patihe lantip, kabeh padoming Negara uga masyarakat becik, ananging kabeh kuwi
ora nuwuhake kabecikan. Merga dayane jaman Kalabendu , kabeh rubeda sarta
alangan malah saya ngambra-ambra. Kabeh mau dijalari pepinginane saben
wong ing Negara kuwi ora nyawiji.
Wektu kuwi atine sang pujangga lagi
sedih, amarga diasorake wong . sang pujangga isin merga tumindake wong mau.
Wong kuwi mau kaya-kaya menehi pangarep sik apik, kang njalari sang pujangga
bungah atine, banjur pungkasane ora waspada.
perkarane mung merga kabar sing
during mesthi benere, arep didadekake pemimpin ananging kasunyatane ora bener,
malah ora digatekake babarpisan, sejatine wis dipikirake, apa ta gunane dadi
pemimpin ? Mung arep gawe kaluputan wae, luwih-luwih lali karo awake
dhewe, mung ndadekake repot.
Miturut buku panentukti sastra,
sejatine wis ana pratandha. Ing jaman kang akeh rubeda iki eong kang nduweni
budi kang luhur ora kanggo. Samoro uga yen awake dhewe nliti, apa gunane
precaya kabar kang durung genah dununge, mung bakal nyusahake ati wae. Luwih
becik gawe karya –karya bab crita ing jaman dhisik wae.
Gawe karya bab crita ing jaman
dhisik kuwi bisa dadi tuladha-tuladha saka crita jaman dhisik, crita kuwi
nengenake bab panguripan kang bisa ngedemake ati, pungkasane bisa nrima marang
kuwasaning Gusti, kabeh mau dijalari amarga nandhang kadadean ala kang ora ana
rampunge.
Urip ing jaman edan, pancen abot,
arep melu ora tegel , ananging yen ora melu ora entuk apa-apa, pungkasane bisa
nrima marang kuwasaning Gusti, kabeh mau dijalari marga nandhang kadadean ala
kang ora rampunge.
Urip ing jaman edan, pancen abot,
arep melu ora tegel, ananging yen ora melu ora entuk apa-apa, pungkasane
mung ndadekake kaliren. Nanging iku kabeh wis dadi kersane Gusti ,
sabegja-sabegja wong lali , isih luwih begja wong kang eling lan waspada marang
gusti
Kabeh kuwi sejatine amarga
kepinginane ati, bener ta, pancen bener yen ana sing ngarani kaya ngene,
nanging sadjroning batin morat-marit. Wis tuwa are papa, apa meneh sing
digoleki, luwih becik nyedak marang Gusti wis pikantsti.
Beda maneh kanggo wong sing wis
santosa, kang rahmat saika Gusti , kepiye wae nasibe bakal apik, ora
perlu angel-angel ngupaya. Saka kaluwihan pangeran bisa menehi pitulung, merga
prentahe, wujud apa wae kang didhawuhake , mesthi kudu dibarengi ikhtar.
E. Andharan Analisis Serat Kalatidha
Babagan Terjemahan
Terjemahan inggih menika nggantos
basa satunggal dados basa sanesipun, utawi menawi basa sumber dhateng basa
sasaran. Ancasipun inggih menika supados masarakat ingkang boten mangertosi
basa naskah utawi basa teks asli, lajeng saged kathah ingkang mangertos.
Terjemahan teks manggala menika nginakaken terjemahan ingkang wujudipun
paragraf, menawi saking asli parafrase.
Terjemahan teks serat kalatidha :
Sang Pujangga mengingatkan bahwa
keluarganya hawa nafsu dan halangan bisa dinobati dengan mengasah pikiran dan
jangan hanya menuruti keinginan diri, supaya lepas dari pengaruh gaib, semua
itu pertanda bahwa sudah ruwet dan halangan itu sudah muncul, jadi sang Hyang
Widdi sudah mengeluarkan kekuasannya, sehingga dunia menjadi hancur.
Keadaan Negara waktu sekarang
, sudah semakin rusak. Tatanan mengenai sopan santun dalam bertindak
sudah tidak dianut lagi, karena sudah tidak ada lagi yang dijadikan
contoh tentang tatacara berbahasa. Semua terpengaruh akan keindahan yang
sebenarnya menyesatkan. Pada akhirnya semua itu akan menjadikan halangan.
Sebenarnya raja termasuk raja yang
baik, patihnya juga cerdik, semua anak buah hatinya baik, pemuka-pemuka
masyarakat baik, namun segalanya itu tidak menyiptakan kebaikan, oleh karena
adanya jaman kalla bendu. Bahkan kerepotan-kerepotan semakin menjadi-jadi
. setiap orang memiliki pikiran dan penemuanya masing-masing.
Waktu itulah perasaan sang pujangga
menangis , penuh kesedihan, mendapatkan hinaan dan malu, akibat dari perbuatan
seseorang. Tampak orang tersebut member harapan menghibur Sang Pujangga menjadi
gembira. Akan tetapi kegembiraan itu membuat sang pujangga menjadi kurang
waspada.
Persoalanya hanyalah karena kabar
angin yang tiada menentu. Akan ditempatkan sebagai pemuka tetapi akhirnya sama
sekali tidak benar, bahkan tidak mendapatkan perhatian sama sekali. Sebenarnya
bila direnungkan kalah, apa sih gunanya menjadi pemimpin/pemuka??. Hanya akan
membuat kesalahan-kesalahan saja. Lebih-lebih bila lupa diri, yang hasilnya
tidak lain hanyalah kerepotan .
Menurut buku Panitisan (Ahli Sastra
), sebenarnya sudah ad peringatan. Didalam jaman yang penuh kerepotan dan
kebatilan ini, orang yang berbudi tidak terpakai. Demikian jika kita
teliti . apakah gunanya menyakini kabar angin yang akibatnya hanya
akan menyusahkan hati saja. Lebih baik membuat karya-karya kisah jaman
dahulu.
Membuat kisah lama ini dapat dipakai
kaca benggala, yang berfungsi unruk membendingkan perbuatan yang salah dan
benar. Sebenarnya banyak sekali contoh-contoh dalam kisah lama, mengenahi
kehidupan yang dapat mendinginkan hati, akhirnya menerima dan menyerahkan diri
kepada Tuhan. Segalanya itu menghalangi kejadian yang aneh-aneh.
Hidup dijaman yang edan, memang
repot. Akan tetapi mau mengikuti tidak sampai hati, tetapi
kalau tidak mengikuti tidak akan mandapatkan apapun. Akhirnya dapat derita
kelaparan . namun lebih bahagia lagi senantiasa ingan waspada,
Segalanya itu sebenarnya
dikarenakan keinginan hati. Benar bukan ? Memang benar kalaau ada yang
mengatakan demikian. Namun sebenarnya didalam hati repot juga . sekarang sudah
tua apalagi yang dicari. Lebih baik mendekatkan diri agar mendapatkan ampunan
dari tuhan.
Lain lagi bagi yang imanya sudah
kuat. Mereka sudah mendapat rahmat dari Tuhan. Bagaimanapun nasibya
selalu baik tidak perlu bersusah payah tiba-tiba mendapat anugrah. Namun
deikian mereka harus tetap berihktiyar.
F. Mbedah Isi Teks
Mbedah isi teks inggih menika
analisis teks ingkang dipun gayutaken kaliyan babagan ilmu basa, sastra, lan
budaya. Makalah menika badhe mbedah isining serat kalathidha.
Dhipun tingali saking basanipun,
serat kalathidha ngginakaken basa jawa gagarak anyar. Serat menika kathah
nginakaken tembung-tembung seserapan saking basa Arab lan Kawi. Tembung serapan
saking basa Arab tuladhanipun : Ihtiyar, Allah, Rasulullah, alam, awal
akhir. Tembung serapan saking basa jawa kawi tuladanipun: ulun, tuwan, tarlen,
sanitiyasa, tyas, sapu-dhendha, antuk, mesi.
Dipun tinngali saking babagan
sastra, seret menika awujud sekar macapat inggih menika sinom. Titikanipun :
8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a. pada sepisan ingkang makalah menika mboten trep
kaliyan titikanipun sekar sinom, amargi gatra kaping 8 ingkang kedahipun guru
wilangan kaliyan guru lagunipun 8i dipun serat 6i. tembung-tembung ingkang
dipun ginakaken ugi tembung ingkang endah, antawisipun: aru-ara, sapu dhendha ,
mati sadjroning ngaurip, lan sapanunggalipun.
Dipun tingali saking babagan budaya,
serat menika dipunserat ing lingkungan jawa-islam , amargi kathah nginakaken
tembungserapan saking basa arab. Wosipun serat menika piwulang kangge gesang
ingkang saestu, budi ingkang luhur, sarta emut marang Gusti ingkang maha
kuwaos. Salajengipun tiyang menika kedah pasrah dhateng panguwaosipun
Gusti Ingkang Maha Kuwaos
- PANUTUP
A. Dudutan
- Serat kalathida menika awujud sekar macapat . serat kalathidha menika awujud sekar sinom
- Serat menika ngrembag babagan piwulang kangge titianipun tiyang gesang.
- Dipun tingali saking babagan sastra pada kapisan serat Kalathida ing makalah menika boten trep kaliyan titikan panyeratipun sekar macapat utaminipun sinom.
B. Pamrayogi
Sawijining karya sastra, mesthinipun
gadhan ancas saking pangripta lajeng damel karyasastra menika . serat menika
minangka salah satunggaling asil sastra ingg jamaipun ugi gadah
ancas dipunripta serat kasebat. Ranggawarsita minangka pangripta
ngandharaken kahanan ing salebeting jaman ingkang sinebat jaman edan.
~Matur Nuwun~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar